Sabtu, 11 Juli 2009

SMS BODHO BOSO JOWO

Sega kupat duduhe santen, sedaya lepat nyuwun pangapunten
Bubur bening sambele ati, lebur dining riyaya adi
Satunggal tahun laminipun wekdal ingkang tansah kauruk sifat lepat lan luput, kairing dinten riyoyo puniko kawulo ngaturaken gunging samudro pangaksami

Es blewah turah-turah, diwadahi piring malah angel mangane
Melu Muhammadiyah opo pemerintah, sing penting aku njaluk pangapurane
Ngaturaken Sugeng Riyadi 1 Syawal 1428 H. Taqoballahu minna wa minkum, taqobbal ya kariim, wa kullu amin wa antum bil khair. Minal aidin wal faizin. Mugi Gusti Allah tansah paring hidayah, maghfirah saha barokah dumateng kita sedaya. Rahayu ingkang tinemu, sembada ingkang sinedya, jumbuh ingkang ginayuh
Ngaturaken Sugeng Riyadi, nyuwun agunging pangaksami, nyuwun tambahing pangestu wonten ing lampahing gesang
Datan wonten bait sastra kang rinajit ingkang langkung agung kejawi atur Sugeng Riyadi. Sepinten kalepatan mugi lebur ing dinten ingkang riyadi punika
Ngaturaken Sugeng Riyadi 1 Syawal 1428 H. Bingahing manah awit Gusti sampun hangganjar kamenangan, lumebet dateng dinteng ingkang fitri. Nyuwun pangapunten sedoyo lepat lan kekhilafan. Mugi Gusti tansah ngluberaken rahmat, karunia, taufik lan hidayah dateng kito sedoyo
Wilujeng dinteng agung riyaya 1428 H. Titah kagungan lepat, kasampurnan kagungane Gusti. Monggo ngapunten ing apunten lir trus ing batos
Rinengga pudya, pudyaning satata
Nyuwun kanthi purbwaning 1 Syawal 1428 H, sih lumebering samodra pangaksami, lahir dumuginipun batos, menggah sedaya lepat saha klentu, mugi sageto lebur ing dinten riyadi meniko
Santen dicampur gulo, kupat diupokoro
Semanten ugi kawulom, menawi lepat nyuwun ngapuro
Sinar tan tulus lan sucining kalbu, mugi sirno sedaya dosa kalepatan, gumatos rumaketing silaturohim. Mijil manjal maning sesanti. Nyuwun pangapunten sedoyo kalepatan

Mlaku-mlaku ning Malioboro
Menawi sayah numpak becak luwih sekeca
Sugeng riyadi kagem panjenengan sedaya
Sagung kalepatan nyuwun diparingi pangapura

Gunung Merapi rupane biru
dicedaki dadi ijo wit-witan cemara
Menawi kula gadhah keliru
nyuwun agenging samudra pangapura

Numpak andhong ning Kotagedhe,
tuku ali-ali kagem eyang putri.
Bilih aku nduwe luput gedhe,
nyuwun kawelasan sampean ampuni.

Gunung Merapi, Gunung Merbabu,
tansah jejer kaya sedulur kembar
Aku sing wis tau nglaraake atimu
njaluk samudra pangapuramu kang jembar

Nagara tentrem amarga para satria pinandhita,
bengi shalat tahajud, awan sregep makarya.
Sugeng riyadi, sedaya kalepatan kula nyuwun pangapura
Latihan pasa sewulan mugi kita dados manungsa takwa

Srengenge Idul Fitri anggawa pangarep-arep,
silaturahim kanggo lantaran rumakete ati.
Kita sedaya caos pangapura kanthi mantep
nglaleake kalepatan liyan gawe tentreme ati

Ning gunung ketur tuku bolah,
kanggo ndodomi sajadahe simbah
Dudu salahmu sing gawe susah,
nafsu amarahku sing gawe bubrah.

Menek wit pelem ora kudu ahli,
jalaran duwure ranganti rong meter
Sugeng riyadi Idul Fitri,
donga-dinonga kita satya ning dalan bener

Udan-udan ngeyup ngisor wit gedhang,
wegah sangu payung amarga ngrepoti
Pangapura sampeyan kulo gadang-gadang
kita raketke pasederekan ing dina riyadi.

Bayi lahir mestine nangis,
gawe gila nek ngguyu mringis.
Lebaran sungkem wongtuwo ojo lali
kang ngrumat awakmu wiwit bayi

Gulu banyak dowi banget,
dianggo nyosor sikile cah nakal.
Salahku marang awakmu akeh banget
dina riyadi nyuwun salahku diparingi halal

Gudheg Wijilan kondang ning Jakarta
Gudheg areh rasane enak tenan
Kula caos sugeng hari raya
Nyuwun pangapunten sedaya kalepatan

Pitik kate rupane putih
Pitik alas rupane coklat
Idul Fitri ati manungsa bali putih
hawa-nafsu dikendali kanthi tobat

Pinggir ratan Imogiri dodol kupat lebaran,
mbiyen Pakdhe sing ngajari gawe nam-naman
Lebaran kesempatan golek tambahan
ora kudu ngentekke duwit celengan

Kulak klambi ning Beringharjo
kanggo di sade meneh ning ndesa
Lebaran kula tambah pametu artha
amarga warung akeh sing blanja

Gunung Imogiri papan rekreasi
sade selendang mbok menawa payu
Lebaran sedaya lepat nyuwun diampuni
mugi-mugi kita sedaya tansah rahayu

Dudu sanak dudu kadang
nek kepentung prayoga dicaosi pitulung
Lebaran kula sowan eyang
dosa kalangkung nyuwun diparingi ampun

Mbok Setro bakul tempe
gawe sehat wong sak erte
marga tempe akeh proteine
Lebaran ora kudu ganti hape
sing penting kendali diri ora nggape
hawa-nafsu sing nggugu karepe dewe

Gundul-gundul pacul maculi kalen
ngresiki sampah ben ora mbunteti ilen
Gawe bludrek menawi luputku di simpen,
langkung sekeca menawi kersa maringi pangapunten

Ing dina fitri punika
sampun lepas mantol kula
sampun mengkup payung kula
sampun ndaplang tangan kula
siap klebus diudani pangapura
saking ati andika ingkang sajembar samudra
sudi haparing hapunten sedaya kaluputan kula
Tan kena udan pangapura andika reda
sakdurunge nglunturake sakabehe dosa
Tan kena srengenge ngetokke sinarira
sakdurunge luput kula klentir ing banjir pangapura.


Macan tutul ngoyak menjangan,
pratanda hukum keseimbangan alam,
cacah menjangan disuda ben ora rebutan pangan.
Dina lebaran kula nyuwun kawelasan,
panjenengan ingkang kagungan ati jembar kaya lapangan,
sudi maringi kula pangapura tumrap sadaya kalepatan.

Naliko burung hantu pada dipulut,
tikus-tikus merajalela marga ora ana sing nyaut.
Dina lebaran kawula nyuwun hapus sedaya luput,
sakwise pasa mugi-mugi amalan kita mboten surut.
Nagara tentrem amarga satria pinandhita
bengi shalat tahajud awan sregep makarya
Sugeng riyadi sedaya lepat kula nyuwun pangapura
latihan pasa sewulan mugi kita dados manungsa takwa

Srengenge fajar idul fitri anggawa pangarep-arep
dina riyadi kanggo sarana rumakete ati
Sumangga kita sedaya caos pangapura
amarga nglaleake kalepatan liyan gawe tentreme ati

Ning Gunungketur tuku bolah
kanggo ndodomi sajadahe simbah
Dudu salahmu sing gawe susah
nafsu amarahku sing gawe bubrah

Menek wit pelem ora kudu ahli
amarga duwure ranganti rong meter
Sugeng riyadi Idul Fitri
Mugi kita satya ning dalan bener

Udan-udan ngeyup ngisor wit gedhang
wegah sangu payung amarga merepotkan
Pangapura sampeyan kulo gadang-gadang
Dina riyadi kita rumaketake pasederekan

Bayi lahir mesti nangis,
gawe gila nek ngguyu mringis
Lebaran sungkem wongtuwo ojo lali,
kang ngrumat awakmu wiwit bayi

Gulu banyak dowi banget,
dinggo nyosor sikile cah nakal
Salahku marang awakmu akeh banget,
nyuwun ing dina riyadi salahku diparingi halal

Gudheg Wijilan kondhang ning Jakarta
Gudheg areh rasane enak tenan
Kula matur sugeng hari raya
Nyuwun pangapunten sedaya kalepatan

Pitik kate rupane putih
Pitik alas wulune coklat
Idul Fitri ati manungsa bali putih
hawa-nafsu dikendali kanthi tobat

Dodol kupat pinggir ratan Imogiri
haturnuwun kula marang Pakdhe sing ngajari
Lebaran kesempatan golek tambahan uang,
ora kudu ngentekke duwit celengan

Kulak klambi ning Beringharjo
Kanggo di dol meneh ning ndesa
Lebaran kula tambah pametu artha
amarga warung akeh sing blanja

Gunung Imogiri papan rekreasi
Nggawa lendang mbok menawa payu
Lebaran sedaya lepat nyuwun diampuni,
mugi-mugi kita sedaya tansah rahayu

Dudu sanak dudu kadang
Nek nelangsa prayoga ditulung
Lebaran kulo sowan eyang
Segala dosa nyuwun diparingi ampun

Mbok setro bakul tempe
gawe sehat wong sak erte
Lebaran ora kudu ganti hape
sing penting kendali diri ora nggape
hawa-nafsu sing nggugu karepe dewe

Gundul-gundul pacul maculi kalen
ngresiki sampah ben ora mbunteti ilen
Gawe bludrek menawi luputku di simpen
luwih sekeca bilih purun maringi pangapunten

Macan tutul ngoyak menjangan
pratanda hukum keseimbangan alam
cacah menjangan suda ben ora rebutan pangan
Dina lebaran kula nyuwun kawelasan
panjenengan kagungan ati jembar kaya lapangan
sudi maringi kula pangapura sadaya kalepatan

Naliko rombongan burung hantu pada dipulut,
tikus-tikus merajalela marga ora ana sing nyaut.
Dina lebaran kawula nyuwun hapus sedaya luput
bubar pasa mugi-mugi amalan kita mboten surut

Ing dina fitri punika
kawula sampun lepaske mantol
kawula sampun ngengkupke payung
kawula siap klebus diudani pangapura
saking mendunge ati kang mutahke udan jembare manah
badhe maringi pangapura dumateng sedaya kaluputan kawula
Tan kena udan pangapura terang
sakdurunge kabeh dosa kawula
keli ning banjire udan pangapura
Tan kena srengenge ngetokke sinare
sakdurunge jembare segara atimu
paringi maaf dumateng dosa-dosa kawula
Sugeng riyadi Idul Fitri
Sedaya kelepatan nyuwun diampuni

Tidak ada komentar:

Posting Komentar